Kamis, 17 September 2015

Pengasuh Pondok Sarang Mbah Maimun Zuber

✏ Dawuhe Syaikhina wa Murobbi arwahina KH.Maimoen Zubair hafidzohullah wa ro'ahu wa athola umrohu si shihhatin wa afiah:

1. "...calone Kyai gedhe iku kudu khatam Bukhori (Shohih Bukhori). Luweh2 dikhatami sak wulan poso, barokahe
gedhe..."

2. "...mondok iku ngajine kudu seko awal, ora keno dijujug.
Mulai Safinah, Sulam Taufiq, terus sak nduwure2..."

3. "...Aku iku ngaji Mu'in (Fathul Mu'in) neng Lirboyo saben khatam tak sowane Mbah Ma'ruf Kedung Lo njaluk didongani. Saben khatam sak kitab tak jalukne dungo. Mbah Ma'ruf iku Wali, ora ono wong khusyuk koyo Mbah
Ma'ruf..."

4. "...Aku iku teko neng Lirboyo ditampani Kyai Tohir Wijaya, langsung kon melbu ngono wae, ora nganggo
dites. Karo mbah Manaf malah langsung kon mulang (mengajar). Aku yo kondo lek durung iso ngaji, tapi jawabe mbah Manaf, kitab iku koyo maling, angger diwolak-walik woca-woco mesthi suwe2 ngaku..."

5. "...dunyo saiki iku mulai dibukak karo Pengeran, kabeh- kabeh ono ilmune nganti njero-njero (detail). Nganti wong2ane kon tawakkal iku angel. Padahal coro gelem tawakkal mesti dicukupi karo Pengeran..."

✏ Mugo" dadi Ibroh seng isi dadekno Semangat Olehe nyupreh Ilmu Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pages